Kamis, 27 Februari 2014

BEDO BAHASA

Ing ngisor iki, ana tuladhane tembung ing macem-macem basa

  • Bahasa Indonesia: "Maaf, saya mau tanya rumah Kak Budi itu, di mana?"
 
  1. Ngoko kasar: “Eh, aku arep takon, omahé Budi kuwi, nèng ndi?’
  2. Ngoko alus: “Aku nyuwun pirsa, dalemé mas Budi kuwi, nèng endi?”
  3. Ngoko meninggikan diri sendiri: “Aku kersa ndangu, omahé mas Budi kuwi, nèng ndi?” (ini dianggap salah oleh sebagian besar penutur bahasa Jawa karena menggunakan leksikon krama inggil untuk diri sendiri)
  4. Madya: “Nuwun sèwu, kula ajeng tanglet, griyané mas Budi niku, teng pundi?” (ini krama desa (substandar))
  5. Madya alus: “Nuwun sèwu, kula ajeng tanglet, dalemé mas Budi niku, teng pundi?” (ini juga termasuk krama desa (krama substandar))
  6. Krama andhap: “Nuwun sèwu, dalem badhé nyuwun pirsa, dalemipun mas Budi punika, wonten pundi?” (dalem itu sebenarnya pronomina persona kedua, kagungan dalem 'kepunyaanmu'. Jadi ini termasuk tuturan krama yang salah alias krama desa)
  7. Krama lugu: “Nuwun sewu, kula badhé takèn, griyanipun mas Budi punika, wonten pundi?”
  8. Krama alus “Nuwun sewu, kula badhe nyuwun pirsa, dalemipun mas Budi punika, wonten pundi?”

Kapethik saka :
http://id-yo.ayobai.com/2013/02/mengenal-sejarah-bahasa-jawa.html

Rabu, 26 Februari 2014

Ko Ja Se

Pas aku lagi browsing, ndak sengojo aku nemu iki,














Iku grup e wong jowo sak dunyo iki. "Status" e padha nganggo basa krama inggil.
Mugo-mugo iso awet sampek sok.

Poro konco ingkang dereng nggabung, monggo di like fanspage e
https://www.facebook.com/KoJaSe


PITUDUH LAN WEWALER

PITUDUH (Bimbingan)

"Pangeran nitahake sira iku lantaran biyungira, mula kudu ngurmati biyungira"
bahwa kita (manusia) itu diciptakan melalui seorang Ibu, oleh karena itu kita harus menghormati Ibu

"Sakbegja-begjane kang lali, luwih begja kang eling klawan waspada"
bahwa se untung-untungnya orang yang lupa, masih lebih untung orang yang selalu ingat dan waspada

"Sing sapa ora gelem gawe becik marang liyan, aja sira ngarep-arep yen bakal oleh pitulungan ing liyan"
bahwa barangsiapa yang enggan berbuat baik, jangan berharap akan mendapat pertolongan dalam perkara yang lain

"Rumangsa melu handarbeni. Wajib melu hanggondheli. Mulat sarira hangrasa wani"
merasa ikut memiliki, wajib ikut mempertahankan (bertanggung jawab), dan berani memawas diri
*pituduh iki didadekne semboyan Pangeran Mangkunegara III

"Enoma, bagusa, isih darah lan warasa kae yen kapinteran ora duwe, kucem raine, tanpa cahya, ora beda karo kembang randhu alas kang abang branang ora wangi ora barang"

kanggo pituduh liyane, monggo mampir teng mriki
http://taufanhidayat.wordpress.com/kejawen/

 
WEWALER (Larangan)

Aja sira deksura, ngaku luwih pinter tinimbang sejene
Aja seneng yen den alem, aja sengit yen den cacat
Aja gawe seriking atining liyan
Aja ngece wong ora duwe
Aja pisan nacat ing liyan, ora ana wong kang ora cacat
Aja lali piwulang kang becik

Kapethik saka :

Buku BUTIR-BUTIR BUDAYA JAWA

URUTAN LAN PRENAHE SADULUR

.:. URUT-URUTANE SADULUR






Urut-urutane Turunan
urut munggah : bapak ibu --> embah --> buyut --> canggah --> wareng --> udheg-udheg --> gantung siwur --> grepak senthe
urut mudhun : bapak ibu --> anak --> putu --> buyut --> canggah --> wareng --> udheg-udheg --> gantung siwur --> grepak senthe

.:. PRENAHE SADULUR
sadulur : bocah (wong) kang tunggal bapak ibu
sadulur misanan : sadulur tunggal embah; nakdulur
sadulur mindhoan : sadulur tunggal buyut
keponakan : anake sadulur tuwa utawa sadulur enom
putu : anake anak
putu keponakan : anake keponakan
paklik (paman) : adhine bapak utawa ibu (lanang)
buli (bibi) : adhine bapak utawa ibu (wadon)
pakdhe (uwa) : kangmase bapak utawa ibu (lanang)
budhe (uwa) : mbakyune bapak utawa ibu (wadon)
maratuwa : wong tuwane bojo
anak mantu : bojone anak
putu mantu : bojone putu
besan : wong tuwane mantu
ipe (ipar) : sadulure bojo
pripean : ipene sadulur
sadulur kuwalon : sadulur tunggal bapak seje ibu (tunggal ibu seje bapak)
anak angkat : bocah liya sing diakoni anak
sadulur asu : sadulur tunggal ibu (seje bapak)

Kapethik saka :
Abikusno. 1996. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Express.

Kamis, 20 Februari 2014

TEMBANG DOLANAN

Tembang dolanan yaiku jinis tembang reripta gagrak anyar sing ora nganggo paugeran gatra-gatra, guru lagu-guru lagu, guru wilangan-guru wilangan, lan dhong dhing. Nanging, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané lan bisa dibarengi wiramaning gendhing. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané



Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.

Iki kaca kanggo ngumpulake syair tembang dolanan utawa tembang sing kerep diunekke bocah-bocah.

    * Cublak-cublak suweng

    * Gajah gajah

    * Gambang Suling

    * Gundhul Pacul

    * Jamuran

    * Jaranan

    * Kidang Talun

    * Kupu Kuwi

    * Lir Ilir

    * Menthok Menthok

    * Padhang Bulan

    * Pitik Tukung

    * Suwe Ora Jamu

    * Te Kate Dipanah

    * Jothang alang-alang


Kapethik saka :

Selasa, 07 Januari 2014

JEJER, WASESA, LESAN

Nulis ukara nganggo pola : J W L

JEJER ing basa Indonesia diarani SUBYEK
WASESA ing basa Indonesia diarani PREDIKAT
LESAN ing basa Indonesia diarani OBJEK

Tuladha :
 1. Bapak tuku pacul
Jejer : Bapak
Wasesa : tuku
Lesan : pacul

2. Yanto ndandani sepeda
Jejer : Yanto
Wasesa : ndandani
Lesan : sepeda

3. Bukune disilih Rani
Jejer : Bukune
Wasesa : disilih
Lesan : Rani

4. Payunge digawa Budi
Jejer : Payunge
Wasesa : digawa
Lesan : Budi

Kapethik saka :
Purnomo, Bambang dkk. 2010. Lancar Basa Jawa 3. Kediri: Wijaya Pustaka.

WACAN

#1 MUPANGATE LEMPUYANG


Lempuyang iku jinising empon-empon kang gampang tumangkar lang pangupakarane ora mbutuhaken kawigatan mligi. Najan mangkono prayoga diupakara sing apik murih subur bisa dadi roronggane pekarangan. Miturut jinising lempuyang ana telung warna yaiku lempuyang gajah, lempuyang pait, lan lempuyang wangi. Dene sing mrantah lan ngrumbaka akeh-akehe lempuyang gajah. Jinising lempuyang mau bisa kajupuk guna lan mupangate bisa kanggo ngundhakake kesarasan. Kayadene para ibu sing mentas bubaran, lumrahe sikile katon abuh iku bisa ditambahi mawa oyot-oyote lempuyang kang wis digodhog nganti umop. Sawise manget-manget banjur disekakake ana sikile. Uga weteng kembung, lempuyang kang wis dicampuri tumbar jinten kapulaga lan kencur banjur didheplok nganti lembut, dicampuri banyu mateng sacukupe terus diperes lan diombe sa sendhok teh, lan isih akeh bisa kanggo nambahi lelara liyane kayata: watuk,  lara boyok, awak greges-greges lan sapiturute.

Kapethik saka :
Joyoboyo no 31 edhisi 1994
http://erikacixers.files.wordpress.com/2010/11/lempuyang.jpg?w=300&h=272

Kamis, 02 Januari 2014

JENENGE PASARAN, DINA, SASI

1. Pasaran : Kliwon - Legi - Paing - Pon - Wage
2. Dina : Ngahad - Senen - Selasa - Rebo - Kemis - Jemuwah - Setu
3. Sasi : 1. Sura - 2. Sapar - 3. Mulud - 4. Bakdamulud - 5. Jumadil awal - 6. Jumadil akir -7. Rejeb - 8. Ruwah - 9. Pasa - 10. Sawal - 11. Dulkaidah - 12. Besar

Kapethik saka :
Abikusno. 1996. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Express.

TEMBUNG KASAR

Tembung kasar yaiku tembung-tembung kang ora patut diucapake, kayata :
1. mbadhog, nyekek, nguntal sing tegese mangan
2. badhogan sing tegese panganan
3. cangkem sing tegese gunem, kandha
4. cocot, congor, cucuk sing tegese cangkem, tutuk
5. cokor sing tegese sikil, tangan
6. gerang, dhaplokan sing tegese wis tuwa
7. ndhekok, ndhangsur sing tegese turu, teturon
8. dhapur sing tegese rupa, praen
9. edan sing tegese lara pikirane
10. gobog sing tegese kuping
11. godag, ora godag sing tegese ora bisa
12. njegos sing tegese ora obah
13. mata sing tegese mripat
14. micek, micak sing tegese turu
15. modar, pokik, poko sing tegese mati
16. nglayap sing tegese dolan, lunga
17. picek, picak sing tegese ora weruh
18. polo sing tegese utek, utak
19. tuwek sing tegese tuwa
20. wadhuk sing tegese weteng

Kapethik saka : Abikusno. 1996. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Express.

GEGURITAN

#1 KARUKUNANE SEMUT

Para kanca sumurupa
Nora adoh prenahe saking mriki
Beburukan gumaluntung
Wengkening jangkrik upa
Eman banget saumpama tanden usung
Menyang eleng bebarengan
Padha den dum aparyogi

Kabeh semut kang miyarsa
Ing tuture kancane sukeng ati
Aseluran dennya mlaku
Marani jangkrik upa
Tekaning don gita-gita padha ngrubung
Wangke jangkrik pinarbutab
Ing wasana  bisa kongkih

Kapethik saka :
Purnomo, Bambang dkk. 2010. Lancar Basa Jawa 3. Kediri: Wijaya Pustaka.

#2 PAGEBLUG WEDHUS GEMBEL
dening Yasinta Dewi.U.L

Ono sworo adoh
Rikala sore...
Candhiala mabur tan polar
Malang kerik tanpo tangan..
Katon gagah tanpo busana kaprabon..
He...konco....
Kae lo...sawangen...
Candhiala wus kinepung wedhus gembel
Sapuncaking Wukir Merapi...
Soyo suwi ilang ing pandulu...
Candhiala musna tanpo tilas
Koyo sesingitan ing jabaning jagat...
Gumanti dahuru kang lumaku...
Nggemprang-nggemprang koyo kidang
Nggemprong-nggemprong koyo singo barong...
Wedhus gembel dhigar sanjabaning nalar...
Anut lampahing angin tan kinusiran...
Nuwuhake pageblug nggegirisi...
Duh eyang...Opo kang dumadi???
Sedulurku nendro wus ra kena dak takoni....

UKARA TANGGAP LAN UKARA TANDUK

Ukara tanggap bisa diowahi dadi ukara tanduk, lan uga ukara tanduk bisa diowahi dadi ukara tanggap.

Tuladha ukara tanggap:
1. Kembangku disirami ibu.
2. Dhuwitku digawa mas Aji.
3. Piteke dibeleh bapak.
4. Wit pelem ditandur bapak.
5. Latare diresiki mbak Anik.

Tuladha ukara tanduk:
1. Ibu nyirami kembangku.
2. Mas Aji nggawa dhuwitku.
3. Bapak mbeleh pitik.
4. Bapak nandur wit pelem.
5. Mbak Anik ngresiki latar.

Kapethik saka :
Purnomo, Bambang dkk. 2010. Lancar Basa Jawa 3. Kediri: Wijaya Pustaka.

Rabu, 01 Januari 2014

JENENGE RATU LAN PANDHITA


  1. Prabu Arjuna Sasrabahu ratu ing Maespati
  2. Prabu Baladewa ratu ing Mandura
  3. Prabu Basudewa ratu ing Mandura
  4. Prabu Bomanarakasura ratu ing Trajutrisna
  5. Prabu Drupada ratu ing Cempala
  6. Prabu Dasarata ratu ing Ngayodya
  7. Prabu Dasamuka ratu ing Ngalengka
  8. Prabu Drestarata ratu ing Ngastina
  9. Prabu Kresna ratu ing Dwarawati
  10. Prabu Karma ratu ing Ngawangga
  11. Prabu Maswapati ratu ing Wiratha
  12. Prabu Niwatakawaca ratu ing Iman Imantaka
  13. Prabu Pandhu Dewanata ratu ing Ngastina
  14. Prabu Puntadewa ratu ing Ngamarta
  15. Prabu Ramawijaya ratu ing Pancawati
  16. Prabu Salya ratu ing Mandraka
  17. Prabu Sugriwa ratu ing Guwakiskendha
  18. Prabu Suyudana ratu ing Ngastina
  19. Begawan Abiyasa pratapane ing Saptaarga
  20. Resi Bisma pratapane ing Talkandha
  21. Pandhita Durna pratapane ing Sokalima
  22. Begawan Mintaraga pratapane ing Indrakila
  23. Resi Palasara pratapane ing Ratawu
  24. Resi Subali pratapane ing Guwakiskendha
Kapethik saka :
Abikusno. 1996. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Express.

JENENGE SATRIYA LAN KASATRIYANE

  1. Abimanyu satriya ing Plangkawati
  2. Anoman satriya ing Kendhalisada
  3. Arjuna satriya ing Madukara
  4. Aswatama satriya ing Sokalima
  5. Antareja satriya ing Jangkarbumi
  6. Burisrawa satriya ing Madyapura
  7. Dresthajumna satriya ing Cempalareja
  8. Dursasana satriya ing Banjarjungut
  9. Gathutkaca satriya ing Pringgodani
  10. Indrajit satriya ing Bikungkung
  11. Irawan satriya ing Yasarata
  12. Jayadrata satriya ing Banakeling
  13. Kartamarma satriya ing Banyutinalang
  14. Kumbakarna Panglebur Gangsa
  15. Lesmana Mandrakumara satriya ing Saroja Binangun
  16. Nakula satriya ing Bumi Retawu
  17. Sadewa satriya ing Sawojajar
  18. Samba satriya ing Paranggarudha
  19. Setiyaki satriya ing Lesanpura
  20. Sengkuni satriya ing Plasajenar
  21. Werkudara satriya ing Jodhipati
Kapethik saka :
http://wayangsewu.wordpress.com/mengenal-tokoh-wayang/wayang-abjad-a/abimanyu/
Abikusno. 1996. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Express.