Selasa, 07 Januari 2014

WACAN

#1 MUPANGATE LEMPUYANG


Lempuyang iku jinising empon-empon kang gampang tumangkar lang pangupakarane ora mbutuhaken kawigatan mligi. Najan mangkono prayoga diupakara sing apik murih subur bisa dadi roronggane pekarangan. Miturut jinising lempuyang ana telung warna yaiku lempuyang gajah, lempuyang pait, lan lempuyang wangi. Dene sing mrantah lan ngrumbaka akeh-akehe lempuyang gajah. Jinising lempuyang mau bisa kajupuk guna lan mupangate bisa kanggo ngundhakake kesarasan. Kayadene para ibu sing mentas bubaran, lumrahe sikile katon abuh iku bisa ditambahi mawa oyot-oyote lempuyang kang wis digodhog nganti umop. Sawise manget-manget banjur disekakake ana sikile. Uga weteng kembung, lempuyang kang wis dicampuri tumbar jinten kapulaga lan kencur banjur didheplok nganti lembut, dicampuri banyu mateng sacukupe terus diperes lan diombe sa sendhok teh, lan isih akeh bisa kanggo nambahi lelara liyane kayata: watuk,  lara boyok, awak greges-greges lan sapiturute.

Kapethik saka :
Joyoboyo no 31 edhisi 1994
http://erikacixers.files.wordpress.com/2010/11/lempuyang.jpg?w=300&h=272

Tidak ada komentar:

Posting Komentar