Kamis, 02 Januari 2014

GEGURITAN

#1 KARUKUNANE SEMUT

Para kanca sumurupa
Nora adoh prenahe saking mriki
Beburukan gumaluntung
Wengkening jangkrik upa
Eman banget saumpama tanden usung
Menyang eleng bebarengan
Padha den dum aparyogi

Kabeh semut kang miyarsa
Ing tuture kancane sukeng ati
Aseluran dennya mlaku
Marani jangkrik upa
Tekaning don gita-gita padha ngrubung
Wangke jangkrik pinarbutab
Ing wasana  bisa kongkih

Kapethik saka :
Purnomo, Bambang dkk. 2010. Lancar Basa Jawa 3. Kediri: Wijaya Pustaka.

#2 PAGEBLUG WEDHUS GEMBEL
dening Yasinta Dewi.U.L

Ono sworo adoh
Rikala sore...
Candhiala mabur tan polar
Malang kerik tanpo tangan..
Katon gagah tanpo busana kaprabon..
He...konco....
Kae lo...sawangen...
Candhiala wus kinepung wedhus gembel
Sapuncaking Wukir Merapi...
Soyo suwi ilang ing pandulu...
Candhiala musna tanpo tilas
Koyo sesingitan ing jabaning jagat...
Gumanti dahuru kang lumaku...
Nggemprang-nggemprang koyo kidang
Nggemprong-nggemprong koyo singo barong...
Wedhus gembel dhigar sanjabaning nalar...
Anut lampahing angin tan kinusiran...
Nuwuhake pageblug nggegirisi...
Duh eyang...Opo kang dumadi???
Sedulurku nendro wus ra kena dak takoni....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar