Kamis, 02 Januari 2014

TEMBUNG KASAR

Tembung kasar yaiku tembung-tembung kang ora patut diucapake, kayata :
1. mbadhog, nyekek, nguntal sing tegese mangan
2. badhogan sing tegese panganan
3. cangkem sing tegese gunem, kandha
4. cocot, congor, cucuk sing tegese cangkem, tutuk
5. cokor sing tegese sikil, tangan
6. gerang, dhaplokan sing tegese wis tuwa
7. ndhekok, ndhangsur sing tegese turu, teturon
8. dhapur sing tegese rupa, praen
9. edan sing tegese lara pikirane
10. gobog sing tegese kuping
11. godag, ora godag sing tegese ora bisa
12. njegos sing tegese ora obah
13. mata sing tegese mripat
14. micek, micak sing tegese turu
15. modar, pokik, poko sing tegese mati
16. nglayap sing tegese dolan, lunga
17. picek, picak sing tegese ora weruh
18. polo sing tegese utek, utak
19. tuwek sing tegese tuwa
20. wadhuk sing tegese weteng

Kapethik saka : Abikusno. 1996. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Express.

1 komentar: