Rabu, 26 Februari 2014

URUTAN LAN PRENAHE SADULUR

.:. URUT-URUTANE SADULUR






Urut-urutane Turunan
urut munggah : bapak ibu --> embah --> buyut --> canggah --> wareng --> udheg-udheg --> gantung siwur --> grepak senthe
urut mudhun : bapak ibu --> anak --> putu --> buyut --> canggah --> wareng --> udheg-udheg --> gantung siwur --> grepak senthe

.:. PRENAHE SADULUR
sadulur : bocah (wong) kang tunggal bapak ibu
sadulur misanan : sadulur tunggal embah; nakdulur
sadulur mindhoan : sadulur tunggal buyut
keponakan : anake sadulur tuwa utawa sadulur enom
putu : anake anak
putu keponakan : anake keponakan
paklik (paman) : adhine bapak utawa ibu (lanang)
buli (bibi) : adhine bapak utawa ibu (wadon)
pakdhe (uwa) : kangmase bapak utawa ibu (lanang)
budhe (uwa) : mbakyune bapak utawa ibu (wadon)
maratuwa : wong tuwane bojo
anak mantu : bojone anak
putu mantu : bojone putu
besan : wong tuwane mantu
ipe (ipar) : sadulure bojo
pripean : ipene sadulur
sadulur kuwalon : sadulur tunggal bapak seje ibu (tunggal ibu seje bapak)
anak angkat : bocah liya sing diakoni anak
sadulur asu : sadulur tunggal ibu (seje bapak)

Kapethik saka :
Abikusno. 1996. Pepak Basa Jawa. Surabaya: Express.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar