Kamis, 20 Februari 2014

TEMBANG DOLANAN

Tembang dolanan yaiku jinis tembang reripta gagrak anyar sing ora nganggo paugeran gatra-gatra, guru lagu-guru lagu, guru wilangan-guru wilangan, lan dhong dhing. Nanging, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané lan bisa dibarengi wiramaning gendhing. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané



Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.

Iki kaca kanggo ngumpulake syair tembang dolanan utawa tembang sing kerep diunekke bocah-bocah.

    * Cublak-cublak suweng

    * Gajah gajah

    * Gambang Suling

    * Gundhul Pacul

    * Jamuran

    * Jaranan

    * Kidang Talun

    * Kupu Kuwi

    * Lir Ilir

    * Menthok Menthok

    * Padhang Bulan

    * Pitik Tukung

    * Suwe Ora Jamu

    * Te Kate Dipanah

    * Jothang alang-alang


Kapethik saka :

Tidak ada komentar:

Posting Komentar